ART IS MY LIFE

Selamat Datang di blog Fifi Neko Kawaii ^^

Drama Bahasa Jawa by Fiya, Dwi, Khoirus

No comments

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
SETITI TELITI LAN NGATI-ATI

Untuk memenuhi tugas kelompok matakuliah Bahasa Jawa


Dosen Pengampu :
Octo Deny Andriyanto, M.Pd.




Anggota kelompok :
Qhoziah Alfiyatun                  130611100102
Dwi saputro                            130611100110
Khoirus Sholihatinnur             130611100121
           

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNVERSITAS TRUNOJOYO MADURA
2015
A.    SUNGGINGAN CARIYOS
Dinten siang, Direktur ngaturi Sekertarisipun menyang panggenanipun. Sekertaris ingkang sampun rawuh dateng panggenanipun Direktur, dipun dukoi kaliyan direktur amargi dikinten sekertaris kelintu damel proposal damel benjing. Direktur nesu lan nyuwun dipun damelaken kopi dateng OB. Direktur cariyos perkawisipun sekedhik dateng OB. Wekdal sonten, OB ngresikaken panggenanipun Direktur, lajeng OB mriksani wonten pelaporan geletakan dateng tekel. Dirasanipun penting, enjing-enjing pelaporanipun diaturaken dateng sekertaris. Sekertaris mriksani pelaporan menika, namung mboten wonten kelintuan, pelaporanipun sampun estu. Sekertaris enggal rawuhi panggenanipun Direktur lan nyuwu direktur mriksani male pelaporan menika. Direktur maos lan mriksani pelaporan menika nganthi teliti lan atos-atos. Direktur mriksani  bilih piyambakipun kirang teliti mriksani pelaporanipun, sejatine pelaporanipun sampun estu lan jangkep, namung amergi direktur ngagengaken nesu piyambakipun, lajeng dados mboten saged teliti lan kelintu nalika mriksani pelaporan menika.
Latar :
1.      Latar wekdal : dinten siang, dinten enjing, dinten sonten
2.      Latar panggon: panggenanipun direktur, latar, ngarsa panggenan direktur
Penokohan :
1.      Direktur 35th (Dwi Saputro) : dukoan, mboten teliti, kirang ngati-ati
2.      Sekertaris 30th (Qhoziah A.) : sregerp, teliti
3.      OB 28th (Khoirus S.)             : ikhlas, tanggel jawab
Mitra tutur :
1.      Direktur dateng sekertaris       : ngoko alus
2.      Direktur dateng OB                : ngoko alus
3.      Sekertaris dateng direktur       : karma inggil
4.      Sekertaris dateng OB              : ngoko alus
5.      OB dateng direktur                 : ngoko alus
6.      OB dateng sekertaris              : ngoko alus

SETITI TELITI LAN NGATI-ATI
Direktur           : (Ngangkat telepon) Assalamualaikum !
Sekertaris        : Waalaikumsalam, wonten ingkang saged kula rencangi pak?
Direktur           : Iya! sampeyan menyango panggenanku saiki!
Sekertaris        : Inggih pak.
Direktur           : Ya wis, Wassalamualaikum!
Sekertaris        : Waalaikumsalam Pak.
Dateng panggenan direktur
Sekertaris        : Assalamualaikum.
Direktur           : Waalaikumsalam, melbet mbak!
Sekertaris        : Wonten ingkang saged kula rencangi pak?
Direktur           : Sampeyan saged nyambut damel ora ? damel pelaporan kaya ngene wae ora bisa!
Sekertaris        : Pangapunten ingkang katah pak, menapa wonten ingkang kelintu dateng pelaporanipun?
Direktur           : Pelaporane ora jangkep lan ora leres! wiwit kapan sampeyan bisa sembrono kaya ngene?
Sekertaris        : Pangapunten pak, sak menika dipun kula damelaken male pelaporanipun.
Direktur           : Ora perlu, ora ana gunane! Wis kari.  mene siang kudu sampun disetorake. Yen ngantos mene siang durung disetorake, perusahaan niki ora bisa melu tender.
Sekertaris        : Lajeng pripun pak? menika mekaten kemawon, sak menika dipun kula ngelembur kemawon damel ngerampungipun pelaporan damel enjing pak.
Direktur           : Ya wis yen ngonten. Paling dangu paringake pelaporane menyang kula benjing jam 9 enjing. Yen wis, sampeyan bisa tindak saiki.
Sekertaris        : Inggeh sampun pak bilih kados mekaten kula nuwun sewu rumiyin pak.. Assalamualaikum. (Medal saking panggenanipun direktur)
Direktur           : Waalaikumsalam.
Ingkang ngarsa panggenan, Direktur mriksani menyang paningalan njawi kaliyan nglamun, lajeng OB medal.
OB                  : Nuwun sewu pak
Direktur           : Mbak, mbak! Sampeyan meriki. Tolong damelna kula kopi, bektaake menyang panggenan kula.
OB                  : Inggih pak, gendhisipun katah menapa sekedik?
Direktur           : sekedik mawon mbak.
OB                  : Inggih pak, bilih kados mekaten kula nuwun sewu rumiyin pak.
Dateng panggenanipun direktur
OB                  : Assalamualaikum Pak
Direktur           : Waalaikumsalam, monggo mlebet mbak
OB                  : Menika pesenanipun panjenegan pak, monggo panjenengan unjuk pak.
Direktur           : Matur nuwun mbak. (kaliyan ngunjuk kopi)
OB                  : Pangapunten pak sakderengipun, kula tingali panjenengan kathah pamanggih. menawi wonten ingkang saged kula rencangi pak?
Direktur           : Iya mbak, kula lagi nesu amarga pelaporan gawe benjing kelintu.
 OB                 : ingkang sabar inggih pak, mugi-mugi perkawis panjenengan wonten margi medalipun.
Direktur           : iya mbak.
OB                  : inggeh sampun pak kula nuwun sewu rumiyin
Direktur           : iya monggo
Dinten sonten, OB ngeresikaken panggenan Direktur.
OB                  : Loh napa niki? (nemu berkas geletakan dateng tekel). Napa niki sing terose pak Direktur yen pelaporanipun kelintu? tasik penting napa mboten inggeh? Nggeh mpun, kula aturaken bu sekertaris benjing mawon, sapa ngertos tasik penting.
Dinten enjing OB nembe resik-resik latar, Sekertaris lewat. Lajeng OB nimbali lan menyusul sekertaris menika.
OB                  : nuwun sewu bu bu.
Sekertaris        : wonten napa mbak?
OB                  : dinten wingi kula nembe resik-resik panggenan Direktur, kula nemu menika dateng tekel. menawi tasik penting dados kula aturaken dateng ibu kemawon.
Sekertaris        : Loh niki lak pelaporan kula dinten wingi? (kaliyan mbikak lan maos pelaporanipun ingkang setiti, teliti, lan ngati-ati). Loh kula rasa pelaporane wis leres, lan jangkep. Matur nuwun sing akeh nggeh mbak wis ngaturaken pelaoran niki marang kula. Niki damel piandel. (ngaturaken arta dateng OB)
OB                  : sampun bu mboten perlu repot-repot, menika sampun dados ngasta damel kula dateng meriki
Sekertaris        : ya wis mbak, matur nuwun sing akeh ya mbak, kula pareng dhisik. (kaliyan tindak nilaraken OB)
OB                  : inggih bu semanten ugi. monggo bu.
Di panggenan Direktur
Sekertaris        : Assalamualaikum Pak. kula saged mlebet?
Direktur           : Waalaikumsalam, iya monggo. Kepriye pelaporane?
Sekertaris        : kula sampun ndamel pelaporanipun pak. nanging sak derengipun wonten OB ngaturaken pelaporan menika menyang kula. Ngapunten ingkang katah pak, miturut kula pelaporanipun ingkang kula damel menika sampun estu.
Direktur           : Oo.., dadi sampeyan badhe matur yen wingi kula wis kelintu neliti pelaporane, ngonten?
Sekertaris        : mboten kados mekaten pak, monggo panjenengan priksaaken male pelaporan menika ngatos-atos. (kaliyan ngaturaken pelaporan dateng Direktur, Direktur enggal mriksani ingkang teliti)
Direktur           : Loh, iya niki dadakman pelaporane wis leres lan jangkep. Dadi wingi kula sing kurang teliti maos lan mriksaaken pelaporane? Ya Allah…, kula wis kelintu lan nesu marang sampeyan, kula nyuwun ngapunten sing akeh amarga kula wis kelintu lan nesu marang sampeyan. Sak mangke kula bakal luwih setiti, teliti lan ngati-ati.
Sekertaris        : mboten menapa-menapa pak, ingkang penting pelaporanipun damel sak menika sampun saged siap. bilih mekaten kula pareng rumiyin pak.
Direktur           : Iya mbak, monggo.
Sekertaris        : Assalamualaikum
Direktur           : waalaikumsalam
WERTI LAN PESEN CARIYOS DAMEL PENDIDIKAN SD
1.      Kita kedah teliti rumiyin sakderengipun tumindak.
2.      Kita mboten mekantuk duko nalika badhe ngoreksi.
3.      Kita mboten mekantuk dukani piyantun sanesipun nalika mboten wonten kasunyatan utawi bukti.
4.      Kita kedah padha tulung tinulung dateng sesami.
5.      Kita kedah ikhlas ngerencangi sesami, mboten kepareng makelaran.
6.      Kita kedah padha pangaksami
7.      Kita kedah sregep ngerampungaken pendamelan kita kala rumiyin





No comments :

Post a Comment